“Seba Rasa”
Oleh : Dardiri
Telaga Biru,
Sing gumantung ing nduwure langit kae,
Sing nate tak ceritaake,
Coba sawangen nganggo netra merem!,
Rikala mangsa,
Nibaake thethukulan ing awang-awang,
Thethukulan sing kapraba lungiting asmara,
Ngrembaka katresnan kang kapijer,
Nyartani jumedhuling “wulan tumanggal” lan “lintang panjer sore”,
Kinepung mentiyunge mego lan mendung,
Lamat-lamat dumeling ing talingan,
Tembang “Seba Rasa” sing biyen dadi kekidungane netra,
Nganti wus ora keno tak jarwa,
Kepiye kridha lan akehe wilangan,
Anggonku nganggit ukara ngripta basa,
Nata Larik geguritane langgam,
Parandene,
Isih durung bisa nyulihake rasa,
Tis kang ngideri jagade kapang,
Sepi kang sinamudhana pengentha-entha,
Mbok menawa iki dadi wujuding pangrantu,
Kaya peteng mrih kapapag ing obor sewu,
Samudra ngupadi ing gegisik,
Ngembun-ngembun enjang hanjejawah sonten,
Nyarengi lunging gadhung malengkung,
Lariking ukara iki dadya duthaning ati kang lagya kakunjara ing ngasepi,
Kapagut nglangut,
Kaisenan rasa “sih” kang tanpa pepindhan,-
(K G P H : 23 Januari 2021)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Jaga kesopanan dalam komentar